Watu Akik

Tresnamu mas, yen diibaratke kaya demam watu akik
Nalika demam, ra eling migunakke akal sehat kanggo mikir ngentekke duit akeh
Nalika tresna, ora migunakke logika
Nalika seneng, apa wae dilakoni ben entuk sing dikarepake
Iku nalika seneng, kebiasaan latah iku ora apik mas
Yen seneng sampe apa wae rela dilakoni
Naliko wis bosen, nyawang wae wis emoh
Ora apa apa yen demammu mung marang akik kaya ngono
Asal ora kedaden marang aku
Aku wegah yen kowe wis bosen banjur ninggal aku..
Mung kui panjalukku.
Nulis iki karo ngguyu,
saka wong wadon ing sebelahmu,
Aku
*ditulis karena nemu akik bapak yang warna warni, dalam bahasa Jawa*